FIQO - Soal Ujian Akhir Semester (UAS) Ganjil tahun 2019-2020 mata Pelajaran Bahasa Daerah Kelas XII. Ada 40 soal yang berbentuk Multiple Choise dengan jawaban yang tersedia.
Petunjuk Umum
2. Tulis terlebih dahulu nama, kelas, dan jurusan anda.
3. Bacalah soal dengan teliti dan cermat sebelum menjawab.
4. Jawablah soal dari yang paling mudah menurut anda.
I. Pilihlah jawaban yang benar diantara A, B, C, D, dan E dengan memberi tanda silang (X) pada lembar jawaban yang tersedia !
1. Ing madyaning bebrayan saiki, tata krama, budi pekerti, lan mad-sinamadan wis saya suda. Bocah enom akeh kang kurang unggah-ungguhe, ing pitutur ilang basa aluse, lan pawongan kang lali adat waton dhaerahe. Nanging iku kabeh bisa diusadani lamun samadyaning kaluwarga tetep nyekel kenceng budaya lan basa dhaerahe. Jinis artikel iki kalebu . . . .
a. eksploratif
b. eksplanatif
c. deskriptif
d. prediktif
e. preskriptif
ANS: C
2. Struktur artikel kang gunane kanggo medharake dudutan saka andharan-andharan sing ana yaiku . . . .
a. tema
b. judul/irah-irahan
c. pambuka
d. penjelas
e. panutup
ANS: E
3. Artikel kang isine awujud panemu kanthi linambaran alesan kang trep minangka panyengkuyung diarani jinis artikel . . .
a. deskriptif
b. eksposisi
c. persuasif
d. argumentatif
e. naratif
ANS: D
4. 1. Irah-irahan artikel
2. foto narasumber
3. asmane penulis artikel
4. media sing digunakake
5. papane narasumber
Urutan analisis teks artikel kang bener yaiku . . . .
a. 5,4,3
b. 1,3,4
c. 2,5,1
d. 1,5,2
e. 3,2,5
ANS: B
5. Wayang minangka budaya ing Jawa kang adiluhung. Tegese wayang yaiku . . . .
a. wayang menika pagelaran ngganggo boneka kang katon endah.
b. wayang menika karya sastra kang tinulis kanthi wujud cerkak, dhasare crita saka crita Ramayana lan Mahabarata.
c. gegambaran lumakune urip manungsa ing bebrayan kang kebak pitutur lan piwulang kang adiluhung.
d. wayang mujudake gegambaran lakon kang manut marang prentah dhalang.
e. perangan saka kabudayaan Jawa kang urip lan diuri-uri dening bebrayan Jawa.
ANS: C
6. Kesatriya ing Pringgandani, kang nduweni jeneng liya Bimaputra, lan gegaman Kotang Antakusuma, paraga wayang kasebut yaiku . . . .
a. Gathotkaca.
b. Abimanyu.
c. Arjuna.
d. Yudhistira.
e. Janaka.
ANS: A
7. Kocap kacarita, praja Ngamarta minangka punjere negarane para Pandhawa dumadakan konclang kaya keterak dahuru. Wis ana pirang-pirang wektu, Negara Amarta kena pageblug, katekan lelara nggegiris. Akeh para nayakane praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka. Kahanan mau kawiwitan saka murcane kabeh piyandele kadang Pandawa, arupa sawernaning sanjata sekti. Para kadang Kurawa saka Ngastina, babar pisan ora nduwe krenteg menehi pambiyantu marang para Pandawa. Teges saka tembung kang kacethak miring yaiku . . . .
a. paprangan lan pusaka.
b. ilange lan pusaka sekti.
c. musibah lan ilange.
d. ilange lan kadigdayan.
e. kadigdayan lan pusaka.
ANS: B
8. Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen . . . .
a. sakabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi linambaran rasa seneng.
b. sakabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
c. sakabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.
d. sakabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
e. sakabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
ANS: C
9. Tetembungan utawa unen-unen kang ngemu teges badhean kayadene cangkriman, lan lumrahe kanggo sarana gegojegan, diarani . . . .
a. wangsalan
b. parikan
c. unen-unen
d. cangkriman
e. paribasan
ANS: A
10. Wayah esuk wayahe budhal sekolah, udane kok saya deres. Gelem ora gelem aku kudu budhal. Banjur aku kudhungan payung tumuju menyang halte bis. Biyasane lete angkutan sing liwat mung sepuluh menit, nanging iki wis limalas menit durung ana sing liwat.
Kahanan mau yen ing wangsalan kayadene . . ..
a. pitik walik saka kebon
b. mrica kecut
c. njangan gori
d. nyaron bumbung
e. njanur gunung
ANS: E
11. Bocah cilik tlusap-tlusup ana ing kebon, tegese . . ..
a. sapu
b. dom suntik
c. dom/jarum
d. pring
e. tombak
ANS: C
12. Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, pencokanmu lambung garing. Prapteng wisma, si pucung muntah kuwaya. Wangsalan tembang bapak pucung mau, tegese . . ..
a. klenthing/jum
b. pawadonan
c. lumbung
d. bothekan
e. gaman
ANS: A
13. Wis direwangi nganti gulung . . . nungsang . . . jungkir . . . anggonku nyambut gawe, meksa durung kecukupan butuh, amarga reregan sakabehing barang ora saya murah, nanging saya larang.
Ceceg-ceceg ing dhuwur diiseni nganggo tembung . . ..
a. jempalik, malang, koming
b. koming, malang, jempalik
c. koming, jempalik, malang
d. malang, jempalik, balik
e. jempalik, malang, koming
ANS: B
14. Yen dadi pemimpin kuwi kudu bisa adil wicaksana lan ngayomi para wargane. Tembung kang kacithak kandel sajrone ukara kasebut kalebu jinise . . . .
a. tembung saroja
b. tembung entar
c. tembung garba
d. tembung kriya
e. tembung aran
ANS: A
15. Aja dicedhaki dhisik, saiki dheweke lagi abang kupinge amarga bubar kelangan dhuwit ing pasar. Tembung kang kacithak kandel sajrone ukara kasebut kalebu jinise . . . .
a. tembung saroja
b. tembung entar
c. tembung garba
d. tembung kriya
e. tembung aran
ANS: B
16. Ing ngisor iki kang kalebu jinis-jinise basa rinengga, yaiku . . ..
a. purwakanthi, tembung garba, parikan, pepindhan, wangsalan, lan panyandra.
b. tembung entar, suluk pedhalangan, tembung kosok balen, wangsalan, lan sanepa.
c. geguritan, tembang, pepindhan, sesanti, tembung kriya, ukara sambawa, lan wangsalan.
d. tembung yogyaswara, pirwakanthi, tembung garba, tembung kriya, lan parikan.
e. parikan, cangkriman, tembung entar, tembung kriya, tembung aran.
ANS: A
17. Ing ngisor iki sing klebu sandhangan panyigeg wanda yaiku . . ..
a. cakra (….] ), keret (…} ), lan pengkal (…- )
b. pangkon (… \ ), lingsa (…,), lungsi (….)
c. wignyan (…h ), layar (… / ), lan cecak (...=…)
d. pepet (…e ), cakra (….] ), suku (…u ), lan cecak (…=…)
e. suku (….u ), wulu ( ...i..), pepet ( …e ), taling ([ - …)
ANS: C
18. Pendhapa dumung ing ngarep dhewe, peragaan iki tansah dibuka tanpa ana wates ruwangan. Wujud ruangan iki ora tanpa ngemu teges, iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan.
Salah siji piguna pendhapa yaiku kanggo…….
a. Nampa tamu
b. Nyimpen pari
c. Nggelar wayang
d. Nyimpen pusaka
e. Ngumpul kulawarga.
ANS: A
19. Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarasa. Bapa-bapa, Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.
Pethila teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan…….
a. Salam pambuka
b. Ancasing gati
c. Surasa basa
d. Wasana basa
e. Purwaka basa
ANS: A
20. Ing ngisor iki sing klebu sandhangan wyanjana yaiku . . ..
a. Pangkon (… \ ), lingsa (…,), lungsi (….)
b. cakra (….] ), keret (…} ), lan pengkal (…- )
c. Wignyan (…h ), layar (… / ), lan cecak (...=…)
d. Pepet (…e ), cakra (….] ), suku (…u ), lan cecak (…=…)
e. Suku (….u ), wulu ( ...i..), pepet ( …e ), taling ([ - …), lan taling ([ - o)
ANS: B
21. Ing sawijine dina nalika Rudi lan Rukidi lagi ngrembug bab kanggo siap-siap menyang industry, nalika kuwi kanca-kancane uga takon “kepiye, persiapan neng industry wis siap during, Rud? Pitakon kancane marang Rudi.
“Wis siap kabeh, muga-muga ora ana alangan apa-apa”. Wektu sansaya sore wes wayahe bali neng omahe dhewe-dhewe, Rudi , Rukidi lan kancane kuwi kang lagi kumpul neng warung kopi Mak Cor.
Lantaran panggonan pethilan novel ing dhuwur yaiku…….
a. Sekolah
b. Warung kopi
c. Dalan
d. Omah
e. Warung tegal
ANS: B
22. Wayang wong menika salah satunggaling jinis pagelaran tradisional jawa. Wayang wong menika gabungan saking seni drama ingkang ngrembaka ing negeri Eropa kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing tanah jawa. Pagelaran wayang menika ngrembaka ing Kraton kangge hiburan golongan priyayi utawa bangsawan.
Ana ing pethilan teks eksposisi ing dhuwur ana tembang ngrembaka kang dhuweni teges yaiku….
a. Tumbuh
b. Rintisan
c. Bersemi
d. Berkembang
e. Kelestarian
ANS: D
23. Aksara legena kang wis dadi pasangan, dadi aksara tugelan kang katulis ana sangisore aksara kang dipasangi, ora kagandheng, lan yen dipasangi sandhangan suku (…u ) bisa dadi aksara wutuh, yaiku . . ..
a. (...R ), ( ....Y ), (....G ), lan ( ...Z. )
b. (…H ), (…P ), lan (…S )
c. (....K), (....T ), lan (…L )
d. (…D ), ( …B. ), lan (…Q)
e. (… W ), (…N.), lan (…V)
ANS: C
24. Perangan pakaian adat jawa kanggo nutupi sirah sing digawe saka bahan batik. Lumrahe sing nganggo wong lanang. Biasane ana mondholan ing burine.
Perangan pakaian adat apa sing dikarepake saka wacan ing dhuwur…..
a. Selop
b. Jarik
c. Keris
d. Beskap
e. Blangkon
ANS: C
25. Wacanen geguritan ing ngsior iki!
Kalabendu
(Dening : Yono Hs)
Taksengguh kala bathara wus lebur
Kisas karo Bathara Wisnu duk ing nguni
Nanging tibake kok ora
Abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya
Anake kalabendu
Jalaran sajake dhengah uwong durung siap mecak
Yen wus siaga ngono ya no problem
Balik sing durung kok ya kaya gantine kalabendu
Apa jangkane kalatidha thukul meneh
Mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggawarsito
Kapan-kapan wae kalabendu bisa thukul maneh
Anggere titah nora waspada,
Lan mung nuruti hawa.
Tema geguritan kasebut yaiku . . ..
a. politik
b. pendhidhikan
c. ekonomi
d. budaya
e. kesenian
ANS: D
26. Wacanen geguritan ing ngsior iki!
Kalabendu
(Dening : Yono Hs)
Taksengguh kala bathara wus lebur
Kisas karo Bathara Wisnu duk ing nguni
Nanging tibake kok ora
Abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya
Anake kalabendu
Jalaran sajake dhengah uwong durung siap mecak
Yen wus siaga ngono ya no problem
Balik sing durung kok ya kaya gantine kalabendu
Apa jangkane kalatidha thukul meneh
Mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggawarsito
Kapan-kapan wae kalabendu bisa thukul maneh
Anggere titah nora waspada,
Lan mung nuruti hawa.
Taksengguh kala bathara wus lebur
Tembung bathara nduweni teges . . ..
a. manungsa
b. widadari
c. dewa
d. raseksa
e. jalma
ANS: C
27. Wacanen geguritan ing ngsior iki!
Kalabendu
(Dening : Yono Hs)
Taksengguh kala bathara wus lebur
Kisas karo Bathara Wisnu duk ing nguni
Nanging tibake kok ora
Abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya
Anake kalabendu
Jalaran sajake dhengah uwong durung siap mecak
Yen wus siaga ngono ya no problem
Balik sing durung kok ya kaya gantine kalabendu
Apa jangkane kalatidha thukul meneh
Mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggawarsito
Kapan-kapan wae kalabendu bisa thukul maneh
Anggere titah nora waspada,
Lan mung nuruti hawa.
Mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggawarsito
Tegese tembung mandi yaiku . . ..
a. kasembadan
b. suci
c. pracaya
d. nyata
e. ing ampuh
ANS: A
28. Geguritan dhuwur dumadi saka . . . gatra lan . . . pada.
a. 12, 3
b. 12, 4
c. 13, 3
d. 13, 4
e. 14, 3
ANS: C
29. Tingkah laku kang ditindakake sing nuduhake pengayatan watak sing diparagakake yaiku . . . .
a. latar
b. akting
c. karakter
d. alur
e. ekspresi
ANS: C
30. Purwakane crita drama sadurunge miwiti dialog diarani . . . .
a. dhialog
b. monolog
c. epilog
d. prolog
e. katalog
ANS: D
31. Pasulayan ing antarane paraga lan paraga liyane ing drama diarani . . . .
a. konflik
b. klimaks
c. setting
d. amanat
e. latar
ANS: A
32. Basa ngoko kang kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman, diarani basa . . ..
a. krama inggil
b. ngoko lugu
c. krama lugu
d. ngoko alus
e. krama alus
ANS: D
33. Sampeyan kalawingi punapa siyos kesah? Ukara kasebut nggunakake basa . . . .
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
e. krama inggil
ANS: C
34. Punapa ingkang panjenengan midhangetaken punika, Pak? Tembung midhangetaken basa ngokone yaiku . . . .
a. ndeleng
b. ngrungokake
c. ngomongake
d. menehake
e. nulisake
ANS: B
35. Aku dhek wingi tuku buku ing toko Gramedia. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus sing bener yaiku . . . .
a. Kula dhek wingi tumbas buku wonten toko Gramedia.
b. Kula dhek wingi mundhut buku ing toko Gramedia.
c. Kula kalawingi tumbas buku wonten toko Gramedia.
d. Kula kalawingi mundhut buku wonten toko Gramedia.
e. Kula kalawingi mundhut buku dhateng toko Gramedia.
ANS: E
36. Gathekna tembang Macapat ing ngisor iki!.
Sekar pangkur kang winarna,
lelabuhan kang kanggo wong aurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipun kadulu,
miwa ingkang tatakrama,
den keesthi siyang ratri.
Tembang macapat ing ndhuwur yen dianalisis andhedhasar guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, yaiku …..
a. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
b. 8a, 11u, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
c. 8a, 11i, 8u, 7a, 11u, 8a, 8i
d. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 6i
e. 8a, 11i, 9u, 7a, 12u, 8a, 8i
ANS: A
37. Gathekna tembang Macapat ing ngisor iki!.
Sekar pangkur kang winarna,
lelabuhan kang kanggo wong aurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipun kadulu,
miwa ingkang tatakrama,
den keesthi siyang ratri.
Yen dideleng saka paugerane tembang macapat ing nduwur kalebu jinisi tembang …..
a. Sinom
b. Mijil
c. Pucung
d. Pangkur
e. Megatruh
ANS: D
38. Wacanen wacanan ing nisor iki!
UPACARA TINGKEBAN
Upacara tingkeban uga diarani mitoni. Mitoni saka tembung pitu tegese angka pitu. Upacara tingkeban minangka tradhisi masyarakat Jawa. Upacara kasebut nduweni ancas minangka tandha rasa syukur dhumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ubarampe kang dibutuhake sajrone adicara tingkeban yaiku tumpeng, jajan pasar, kaleman, rujakan, dawet, sajen medikingan (sega jene, sega loyang, enten-enten, lan bubur procot).
Tata cara upacara tingkeban yaiku, siraman ditindakake dening para sesepuh, nglebokake tigan ing kain (sarung), ganti busana kaping pitu dirangkepi kain pethak, nggendhong klapa gadhing, reroncening adicara nyiapna klapa gadhing kang wis digambari lakon wayang yaiku Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Sambadra. Banjur calon bapak pilih salah siji klapa gadhing, kanggo dipecahake.
http://jv.m.wikipedia.org/wiki/upacara_tingkepan
Upacara tingkeban ditindakake masyarakat Jawa nalika wong wadon lagi mbobot pitu. Ubarampe jajanan kang umum digunakake, yaiku bubur procot lan rujak. Jajanan bubur procot nduweni teges . . ..
a. nyuwun samangsa dumugi lekipun lare, lahira kanthi gampang, mrocot kados kajong-konhaken, lan ari-ari enggala sumrinthil nututi.
b. kasembadan panuwunipun manungsa dening gusti ingkang murbeng dumadi.
c. pralambang sekar telon, kangge ngepyur-epyuri tiyang ingkang ngandheg.
d. simbol kangge ngraketaken biyung lan calon jabang bayi.
e. nyuwun samangsa dumugi lekipun, supaya jabang bayi lahiran kanthi slamet.
ANS: A
39. Wacanen wacanan ing nisor iki!
UPACARA TINGKEBAN
Upacara tingkeban uga diarani mitoni. Mitoni saka tembung pitu tegese angka pitu. Upacara tingkeban minangka tradhisi masyarakat Jawa. Upacara kasebut nduweni ancas minangka tandha rasa syukur dhumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ubarampe kang dibutuhake sajrone adicara tingkeban yaiku tumpeng, jajan pasar, kaleman, rujakan, dawet, sajen medikingan (sega jene, sega loyang, enten-enten, lan bubur procot).
Tata cara upacara tingkeban yaiku, siraman ditindakake dening para sesepuh, nglebokake tigan ing kain (sarung), ganti busana kaping pitu dirangkepi kain pethak, nggendhong klapa gadhing, reroncening adicara nyiapna klapa gadhing kang wis digambari lakon wayang yaiku Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Sambadra. Banjur calon bapak pilih salah siji klapa gadhing, kanggo dipecahake.
http://jv.m.wikipedia.org/wiki/upacara_tingkepan
Klapa cengkir gadhing kanthi gambar paraga wayang Arjuna utawa Kamajaya sajrone ubarambe upacara siraman tingkepan, tegese . . ..
a. nduweni watak angkara murka.
b. nduweni watak gagah prakarsa.
c. nduweni watak kesatriya lan bagus pasuryane.
d. nduweni watak kasatriya
e. nduweni pasuryan kang bagus.
ANS: C
40. Wacanen wacanan ing nisor iki!
UPACARA TINGKEBAN
Upacara tingkeban uga diarani mitoni. Mitoni saka tembung pitu tegese angka pitu. Upacara tingkeban minangka tradhisi masyarakat Jawa. Upacara kasebut nduweni ancas minangka tandha rasa syukur dhumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ubarampe kang dibutuhake sajrone adicara tingkeban yaiku tumpeng, jajan pasar, kaleman, rujakan, dawet, sajen medikingan (sega jene, sega loyang, enten-enten, lan bubur procot).
Tata cara upacara tingkeban yaiku, siraman ditindakake dening para sesepuh, nglebokake tigan ing kain (sarung), ganti busana kaping pitu dirangkepi kain pethak, nggendhong klapa gadhing, reroncening adicara nyiapna klapa gadhing kang wis digambari lakon wayang yaiku Kamajaya lan Kamaratih utawa Arjuna lan Sambadra. Banjur calon bapak pilih salah siji klapa gadhing, kanggo dipecahake.
http://jv.m.wikipedia.org/wiki/upacara_tingkepan
Mak Gi wong wadon sing wis panglong kuwi ngenteni anak-anake kanthi sabar sinambi lempit-lempit sandhangan kang mentas dipulung saka mmemehan. ing pojoke gubug ana celengan saka kendhi sing swasane iki dadi gandhulane ati. yen celelngan iku kang bisa aweh panjurung uripe lan anak-anake. tangane kang wis kisut dipangan wektu kanthi kebak rasa welas asih wis rampung nyawisake mangan kanggo anak-anake. Bocah papat kang racak umur-umure kuwi olehe ngopeni ngungkuli jabang bayi sing diprejelne dhewe. Mak Gi pancen uripe tanpa bandha, nanging katresnane kang tulus bisa kanggo nggedhekake bocah-bocah senadyan kudu medhot sekolah.
Perangan teks ing ndhuwur ngandharake struktur cerkak bageyan . . . .
a. Orientasi
b. Komplikasi
c. Resolusi
d. Koda
e. Reorientasi
ANS: A
إرسال تعليق