I.
Pilihan
wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (X)!
Ayu
bisa kasil mlebu PTN lewat jalur SBMPTN nanging pilihan kepindho, yaiku Jurusan
pendidikan Bahasa Jawa. Atine mangu-mangu banjur sowan ing daleme Pak Hadi
minangka Guru BK.
Ayu :
Kulanuwun
Pak Hadi : O, Ayu, kadingaren sore-sore, kene-kene lungguh!
Ayu : Inggih, Pak. Nyuwun pangapunten saderengipun.
Pak Hadi : Ora apa-apa kok. O iya, aku krungu kabar jare Ayu ketampa
SBMPTN?
Ayu : Inggih, Pak. Nanging wonten
jurusan Bahasa Jawa. Raosipun kirang mantep, kula kepengin Jurusan Ekonomi.
Pak Hadi : Padha wae, Lha, ngapa, ta?
Ayu : Wonten ingkang ngendika bilih
saking jurusan Bahasa Jawa rekaos pados pedaleman, ta, Pak?
Pak Hadi : Sapa sing kandha? Gene Wening kae durung
nganti diwisudha wis nyambut gawe.
Ayu : Inggih, Pak, kula nggih mireng.
Pak Hadi : Wis, waton atimu mantep, duwe karep, lan
sregep wis mesthi bisa.
Ayu : Inggih, Pak.
Pak Hadi : Supaya luwih mantep, prayogane ketemuan
Wening. Bocahe ana ing mburi lagi methik
rambutan.
Ayu : Inggih, kepareng rumiyin, Pak.
Pak Hadi : Iya, kana.
1. Basa sing digunakake dening paraga Ayu, yaiku ...
A. ngoko lugu
B. krama lugu
C. krama alus
D. ngoko ngoko alus
E. ngoko lan krama
2. Basa kang digunakake dening paraga Pak Hadi, yaiku ...
A. ngoko lugu
B. krama lugu
C. krama alus
D. ngoko ngoko alus
E. ngoko lan krama
3. Ing ngisor iki ukara kang nganggo basa ngoko alus, yaiku ...
A. Muliha saiki wae.
B. Bapak siktas dhahar.
C. Ibu midhangetaken campursari.
D. Mangga dipundhahar sawontene.
E. Sakmenika eyang tilem rumiyen.
4. Ukara-ukara ing ngisor iki sing kalebu basa ngoko alus, yaiku ...
A. Paklik kok nitih bis, ora ngasta titihan dhewe?
B. Mas Angga duwe kalawarti akeh banget.
C. Panjenengan menapa sampun dhahar?
D. Ibu mudhut ageman enggal.
E. Panjenengan kapan kesah?
5. Kanggo rembugan karo wong sing luwih dhuwur pangkate, nanging wis raket nggunakake basa ...
A. ngoko
B. krama lugu
C. krama lugu
D. ngoko alus
E. krama alus
6. Eyang mengko arep nginep kene, saiki bapakmu omongana. Tembung sing dicetak miring diowahi dadi tembung ...
A. nyipeng, omongana D. nyare, dhawuhana
B. nyipeng, dhawuhana E. turu, kandhanana
C. nyare, aturana
7. Ing ngisor iki kang ora kalebu pangangone basa ngoko lugu, yaiku ...
A. Kanggo rembugan marang wong sing luwih dhuwur pangkate.
B. Kanggo rembugan antarane sapadha-pada.
C. Kanggo rembugan wong sing asor drajate.
D. Kanggo rembugan ing acara resmi.
E. Kanggo rembugan marang wong sing luwih tuwa nanging wis raket.
8. Andri : Rul, iki dhuwit bageyanmu saka Bu Susan.
Fahrul : ..................................................................
Andri : Isuk mau nalika sadurunge bel mlebu.
Ukara kang trep kanggo wangsulane Farul, yaiku ...
A. Kapan olehe menehke? D. Kapan olehe maringne?
B. Kapan olehe nyaoske? E. Kapan olehe nggawakne?
C. Kapan anggenipun maringke?
9. Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika. Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu, yaiku ...
A. Kabeh wae bisa mulih saiki. D. Kabeh wae saget dugi saiki.
B. Kabeh wae bisa teka saiki. E. Kabeh wae bisa budhal saiki.
C. Kabeh wae bisa lunga saiki.
10. Kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu.
Tembung sing dicitak miring krama inggile, yaiku ...
A. dikengken, muring D. diutus, muring
B. diutus, duka E. dikongkon, duka
C. dikengken, duka
Ayahe Sadewa
Denig: Eni Siti Nurhayati
......................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................................................................
“Ngerti ora, Dhik, biyen nalika sampeyan sakos karo adhiku, sampeyan nate tak requst dadi pacarku? Eman, aku kalah cepet karo sapa iku?”
Atiku mbatin, masa, ta, kok Yuni nate crita. Aku ora semaur nganti tekan ngarep sekolahan.
“Suwun, ya Mas, wis diterke,” kandhaku.
Mas Bima mung mesem. Eseme wiwit dina iku bola-bali katon ing mripatku. Sesuk, sesuk, lan sesuke maneh ana wae alasane mas Bima methuki aku. Ngeterke sepedhah, takon perkembangane Sadewa, lan mamitke Sadewa sing ijin diajak eyange. Aku seneng ae nampa tekane. Nganti wengi iki ana sms mlebu: Bu guru, eh Dhik Arini, supama jenengan takjak ning Bali piye? Kersa, ta? Bales, lho! Dudu merga aku nggolekne ibu nggo Sadewa, nanging atiku kadhung kepilut jenengan. Maca sms sing keri iki, atiku kok sajake kepilut sisan. Lho, mlebu maneh sms: Nang Bali iku kanggo bulan madhu. Hla, sadurunge ayo ijab dhisik. Yen wis ngene aku kudu piye?
11. Manut cerkak ing dhuwur pakaryanane paraga Arini, yaiku ...
A. dokter D. karyawati swasta
B. guru E. karyawan kantor
C. bidan
12. Ing ngisor iki sing ora kalebu alesane Bima kerep methuki Arini, yaiku ...
A. ngeterake sepedhah D. ngeterake bukune Sadewa
B. takon perkembangane Sadewa E. ngeterake Sadewa sekolah
C. mamitke Sadewa
13. Isine sms saka Bima marang Arini, yaiku ...
A. ngajak Arini bebrayan D. takon perkembangane Sadewa
B. ngajak Arini dolan E. nyritake Sadewa diajak eyange
C. mamitke Sadewa
14. Crita gancaran sing ngandharake kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi
cekak aos, yaiku ...
A. cerkak
B. geguritan
C. drama
D. Novel
E. Sesorah
15. Reroncening kedadeyan kang ana sajroning cerkak, yaiku ...
A. tema D. alur
B. amanat E. latar
C. paraga
16. Ciri-cirine cerkak, yaiku ...
A. critane ora dawa, ukurane ringkes, isine padhet nanging basane angel dimangerteni
B. critane dawa, isine padhet, basane gampang dimangerteni
C. critane cerkak, isine padhet, ukurane ringkes, basane gampang dimangerteni
D. critane dawa, isine cerkak aos, basane mentes
E. critane saeplasan, isine padhet, basane endah
17. Ing cerkak bisa nggunakake pamawas langsung lan ora langsung, kalebu salah sawijining teknik nulis cerkak sing diarani ...
A. nemtokake pamawas
B. nemtokake tema
C. nemtokake paraga
D. nemtokake alur
E. nemtokake amanat
18. Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ...
A. panggonan D. alur
B. latar E. tema
C. paraga
19. Kalungguhan pengarang ing sajroning crita diarani ...
A. pamawas D. alur
B. latar E. tema
C. paraga
20. Kalungguhane paraga ing sajroning crita diarani ...
A. amanat D. latar
B. tokoh E. tema
C. pamawas
Gatekna teks anekdot ing ngisor iki!
Tertib lalu lintas kudu ditegakake. Dina iki polisi nganakake operasi ing dalan sing dadi Kawasan Tertib Lalu lintas.
Polisi : Geneya kok ora nganggo helm?
Pengendara : Helmku ilang, Pak.
Polisi : Yen ilang, pilih tuku helm apa bayar denda ing kene?
Pengendara : Yen tuku helm aku gak duwe dhuwit kanggo bayar denda. Mesthi mengko aku uga kudu bayar denda merga ora duwe SIM.
Polisi : Haaaahh???
Polisi banjur ngetokake surat tilang. Montore pengendara kasebut kudu ditinggal.
21. Sing kalebu perangan orientasi saka teks anekdot ing dhuwur, yaiku ...
A. tertib lalu lintas kudu ditegakake
B. polisi ngadhakake operasi lalu lintas
C. pengendara ditilang
D. montore pengendara kudu ditinggal
E. polisi ngetokake surat tilang
22. Sing kalebu perangan krisis saka teks anekdot ing dhuwur, yaiku ...
A. pengendara kudu ditilang D. montore pengendara kudu ditinggal
B. polisi ngeokake surat tilang E. polisi ngandakake operasi lalu lintas
C. tertib lalu lintas kudu ditegakake
23. Ing ngisor iki sing kalebu unsur-unsur intrinsik ing sajroning cerkak, yaiku ...
A. tema, amanat, penokohan, alur, latar
B. tema, amanat, dialog, penokohan, alur
C. tema, amanat, isi, penokohan, latar
D. tema, amanat, sudut pandang, dialog, alur
E. tema, penokohan, dudutan, alur
24. Sampeyan benjing menapa tamtu kesah?
Ukara ing dhuwur nggunakake basa ...
A. krama lugu D. ngoko lugu
B. karama alus E. krama inggil
C. ngoko alus
25. Aku ora sida mulih saiki, amarga wis bengi.
Ukara kasebut menawa didadekake basa krama lugu, yaiku ...
A. Kula boten tamtu wangsul saiki, amargi sampun dalu.
B. Kula boten tamtu kondur sakmenika, amargi sampun dalu.
C. Kula boten tamtu wangsul sakmenika amargi sampun dalu.
D. Kula boten kondur sakmenika, amargi sampun dalu.
E. Kula boten wangsul skamenika, amargi sakmenika sampun dalu.
26. A : Panjenengan rawuh kala menapa, Pak?
B :
Ukara sing trep kanggo mangsuli pitakon ing dhuwur, yaiku ...
A. Kala wingi sonten anggen kula dugi. D. Kala wingi sonten anggen kula teka.
B. Kala wingi sonten anggen kula rawuh. E. Kala wingi sonten anggen kula rawuh.
C. Kala wingi sonten anggen kula dhateng.
27. Kowe kudune gelem takon dhewe.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa krama alus, yaiku ...
A. Panjenengan kedahipun kersa nyuwun pirsa piyambak.
B. Panjenengan kedahe purun nyuwun pirsa piyambek.
C. Sampeyan kedahipun kersa nyuwun pirsa piyambek.
D. Panjenengan kedahe kersa nyuwun pirsa piyambek.
E. Sampeyan kudune kersa taken piyambek.
28. Panjenengan sesuk apa sida tindak menyang Jakarta?
Ukara ing dhuwur nggunakake basa ...
A. Krama lugu D. ngoko alus
B. Krama alus E. ngoko kedhaton
C. Krama inggil
29. Bu Linda : Yen gawe brownis iku bahane apa wae?
Bu Ana : Panjenengan apa arep ... brownis, ta, Bu?
Bu Linda : Iya, Bu.
Tembung sing bener kanggo njangkepi pitakone Bu Ana saengga dadi basa ngoko alus, yaiku ...
A. Gawe D. mbeta
B. Gawa E. ngasta
C. Mundhut
30. Ukara-ukara ing ngisor iki kang bener pangetrape unggah-unggah basane, yaiku ...
A. Bapak senengane ningali Ludruk D. Ibu karemanipun ningali Srimulat
B. Ibu senengane nonton Srimulat E. Bapak karemanipun mirsani Ludruk
C. Bapak karemanipun Ludruk
31. Ing wilayah praja Purwakandha ana sawijining randha tuwa aran Mbok Randha Kasiyan.
Wektu kuwi wancine durung lingsir, ewadene Mbok Randha Kasiyan durung bisa turu.
Atine umyeg, batine usreg, pikirane judheg. Anake lanang sing mung siji ndhil kepengin ngrabi putri, putrane Prabu Jayakusuma, Raja Purwakandha.
Jaka Kendhil : Geneya Simbok durung sare? Apa Simbok menggalih abote panyuwunku?
Mbok Randha : Genah, ta, Le. Simbok judheg mikir panjalukmu. Awakme dhewe ki wong cilik, kathik kowe kepengin ngrabi putri Sekar Arum kedhaton. Tangeh kelakone.
Jaka Kedhil : Lha, apa Simbok ora percaya yen Bathara sing Maha Kuwasa iki Maha?
Mbok Randha : Ya percaya, nanging ... (ora diterusne)
Jaka Kendhil : Yen Pancen percaya, ora usah nganggo nanging. Simbok ora perlu menggalih abot, sing penting tumindak. Sebab, mikir ping sewu iku ora guna yen tanpa tumindak. Kosok baline, tumindak kanthi patitis kinanthen kapercayan sing manteb bakal ngasilake woh sing banget migunani.
................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Paraga saka crita drama ing dhuwur, yaiku ...
A. Jaka Kendhil D. Jaka Kendhil lan Mbok Randha
B. Mbok Randha E. Jaka Kendhil lan Tuan Putri
C. Tuan Putri
32. Manut teks drama ing dhuwur, sing ndadekake Mbok Randha atine umyeg, yaiku ...
A. anake kepengin lunga menyang kraton
B. anake kepingin ngrabi putri Sekar Arum kedhaton
C. Mbok Randha ora bisa turu
D. mikir tumindake anake
E. Mbok Randha ditinggal anake ngumbara
33. Sawijining aksi utawa solah bawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga diarani ...
A. geguritan D. kethoprak
B. drama E. pidhato
C. sesorah
34. Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiyarsa kalebu salah siji saka struktur teks drama kang aran ...
A. tema D. epilog
B. amanat E. dialog
C. dudutan
35. Drama khayalan kang lumrahe nyritakake ngenani kesaktene salah sawijining wong diarani drama ...
A. drama modern D. drama action
B. drama kolosal E. fabel
C. melodrama
36. Ing ngisor iki kang kalebu unsur intrinsik struktur batin, yaiku ...
A. adegan D. paraga
B. alur E. latar
C. tema
37. Pakdhe diaturi unjukan banjur diaturi dhahar. Ukara kasebut kalebu ukara camboran ...
A. raketan wasesa D. susun
B. raketan lesan E. sejajar
C. raketan katrangan
38. senadyan wis dakelingake, ananging isih wae ora nganggep. Ukara kasebut kalebu ukara camboran ...
A. raketan jejer D. sejajar kosok balen
B. raketan lesan E. sejajar sebab akibat
C. raketan wasesa
39. Mbok Randha Purwakandha bingung anggone nuruti panjaluke anake, ananging uga keweden menawa oleh duka saka ratune ...
Ukara ing dhuwur kalebu ukara camboran ...
A. raketan D. sejajar kosok balen
B. susun E. sejajar sebab akibat
C. sejajar
40. Wong-wong padha ngedoh saka kowe amarga pratapmu sing ora becik. Ukara kasebut kalebu ukara camboran ...
A. sejajar D. sejajar sebab akibat
B. sejajar kosok balen E. susun
C. raketan
41. Si’ir Tanpa Waton
(Dening: Alm. Gusdur)
Ngawiti ingsun nglara si’iran
Kelawan muji maring Pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rina wengine tanpa pitungan
Dhuh bala kanca priya wanita
Aja mung ngaji syareat blaka
Gur pinter ndongeng nulis lan maca
Tembe mburine bakal sengsara
Akeh kang apal Qur’an Haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dhewe dak digatekke
Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkara
Ing pepaese gebyare ndonya
Iri lan meri segihe tangga
Mula atine peteng lan nista
Manut panemumu, si’ir ing pada 1 dhuwur ngemot pitutur sing isine ...
A. manungsa tansah urip bebarengan karo liyan
B. manungsa kudu tansah muji syukur marang Pangeran
C. manungsa tansah golek kanikmatan
D. manungsa rina wengi golek kanikmatan
E. manungsa kudu sregep golek kanikmatan
42. Kang diparingake Gusti Pangeran marang umate, yaiku ...
A. apa sing disuwun umate D. rina lan wengi
B. saisine donya E. sakabehe kanikmatan
C. sakabehe rohmat lan kanikmatan
43. Tegese ukara “pepaese gebyare donya”, yaiku ...
A. kaendahane donya utawa kanikmatan urip ing donya
B. donya sing endah lan rame
C. salahe wong liya mesthi katon
D. dadi wong ora mung tumindak saksenenge dhewe
E. akeh wong sing apal Quran lan hadist
44. Ing crita wayang, nalika ksatria perang karo buta diarani adegan ...
A. perang kembang D. bedholan
B. perang gagal E. perang brubuh
C. gara-gara
45. Ing pagelaran pewayangan “Ramayana” nyritakake ...
A. para ksatria perang karo buta
B. ksatria ngadhep pandhita
C. para nayaka ing paseban
D. para punakawan
E. perange para buta
46. Candi Prambanan ana ing ...
A. Jawa Timur
B. Jawa Barat
C. Jawa Tengah
D. Kalimantan
E. Sumatra
47. Ing ngisor iki sing kalebu seni pertunjukan tradisional khas Jawa Timur, yaiku ...
A. kethoprak
B. wayang wong
C. tari Gambyong
D. Ludruk
E. Dagelan
48. Tugase dhalang sajroning pagelaran ing wayang kulit, yaiku ...
A. nata wayang sing bakal dilakokake
B. nembangake tembang-tembang sajroning pagelaran wayang kulit
C. nglakokake wayang
D. nglakokake wayang lan dadi narator antarwacana paraga-paraga wayang
E. nabuh gamelan kanggo ngiring pagelaran wayang kulit
49. Ing ngisor iki sing dudu sumber crita pewayangan, yaiku ...
A. Mahabarata
B. Ramayana
C. Legenda
D. Purwakandha
E. Pustaka Raja Purwa
50. Ing ngisor iki sing kalebu seni pertunjukan, yaiku ...
A. pameran batik
B. ukir-ukiran
C. sendratari Ramayana
D.Upacara Larun
E. Tanggap Wacana
إرسال تعليق